WONG BUDEK



Isuk mau juminten karo markonah sing podho-podho BUDEG (tuli) ,ketemu neng dalan..

Juminten : lho jeng? Isuk-isuk ngene kok wes klayaban? Teko endi hayo? Xixixi..

Markonah : geng enjing jeng jum.. Iki lho aku seko lungo PASAR.. xixixi..

Juminten : ealah.. Dumeh rondo njuk asal genjot wae..xixixi.. Ngomong-ngomong PACAR-mu wong endi jeng?

Markonah : anu jeng.. Aku neng dalan mlebu pasar ki ndilalah KESANDUNG....

Juminten : oh.. Wong BANDUNG tow.. Trus jenenge sopo jeng?

Markonah : ..aku tibo glangsaran njuk sendalku PEDOT...

Juminten : oh.. jenenge SARDOT tow?? Hiiii.. Mesti rupane NGERI yo jeng?

Markonah : bener jeng.. Aku salto MEMBURI.. aduuuh.. Aku isin banget jeng.. Ndilalah pas lewat ngarep bakul KETAN...

Juminten : hah?? Raine koyo SETAN?? trus lambene dekne koyo opo jeng?

Markonah : ..tkan kono ki aku ra weruh nek ono kulit GEDANG...

Juminten : hah?? Koyo BLUMBANG?? aduuuh ombo nuw? lha awake GEDE pora jeng..?? Axixixi..

Markonah : bener jeng.. Aku tibo maneh ngasi kloloden KONDE.. hiks.. hiks.. Wong-wong sing weruh podho ngakak GULING-GULING...

Juminten : opo?? Awake koyo TRENGGILING?? Ealah jeng..jeng.. Kowe kok yo GELEM to??

Markonah : iyo jeng.. Kejadiane koyo neng PILEM jacky chan kae.. Masio isin tapi kondang jeng.. Kondang PEKOK!!!

Juminten : tukang NGROKOK?? huh dasar wong lanang..

Markonah : nek awakku sih mung lecet-lecet sithik karo njengor pas nggon LAMBE...

Juminten : hah?? Tukang NGOMBE?? lha kok klakuane pacarmu kuwi ora ono sing BENER ??

Markonah : iyo jeng.. Rasane KLENGER tnan.. raiku dadi biru coklat koyo di-BATIK lho jeng..

Juminten : oh bocahe sifate APIK? yo ra popo nek ngono.. Trus opo maneh sing gawe awakmu SENENG karo dekne?

Markonah : iyo jeng.. Aku langsung MENENG trus mlayu amargo isin.. Rasane koyo digebyur ciu..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...sak BOTOLE..!!!

Juminten : wow!!! Dadi jeng mar seneng amargo ..........
.
.
.
*kiro-kiro opo yo lur?

0 komentar:

Posting Komentar